
Sabtu 11 Januari 2020 pengurus OSIS PATABA (Pajangan Taruna Bakti) periode 2018/2019 SMAN1 Pajangan Bantul ngawontenaken Outbond Purna OSIS (27). Acara kasebut dipuntindakaken kanthi rafting ing kali Elo Magelang.
Kegiatan kasebut dipun pilih amargi wonten perangan edukasi lan hiburan. Ugi supados para siswa ngraosaken pembelajaran wonten alam.
Dipun wiwiti kanthi pengarahan saking bapak Jamal Sarwana minangka kepala sekolah lan atur sapala saking ketua OSIS ingkang purna tugas lan ketua OSIS ingkang enggal. Rafting ing kali Elo kirang langkung 12 KM lan wekdalipun kirang langkung kalih jam. Toya ingkang gemintir, anteng lang kathah watu ndadosaken lakune prahu karet mboten ajeg. Bab mekaten ingkang dadosaken saya gayeng. Napa malih wonten ingkang dhawah ing toya lan perahunipun jempalik.
Sedaya ingkang nderek dipun kantheni helm, pelampung lam dayung kangge pangreksa menawi wonten bebaya. Rampung rafting para siswa lan guru pendamping tumuju ing sekolah lan dalemipun piyambak piyambak kanthi mbeta pengalaman ingkang enggal.