Seminar Budaya, Wayang lan Macapat Ing SMAN 1 Kalasan

0

SLEMAN — Selasa (3/12) SMAN1 Kalasan Sleman nggelar seminar budaya. Acara seminar wonten ing laboratorium IPS. Ing kalodhangan iku ngangkat tema bab wayang lan macapat. Wonten kalih pemateri utawi narasumber, yaiku Lutfianto,SS.MA dan Maryono,SPd MA. Ing kalodhangan kasebut Lutfianto njlentrehaken bab Wayang dan Sejarah Islam di Indonesia. Dene Maryono mbabar bab macapat.

Ing atur sapalanipun, Basuki Jaka Purnama minangka kepala sekolah njlentrehaken bilih paraga-paraga wayang kangge tetenger nama gedung ing SMAN 1 Kalasan. Saksampunipun acara atur pambagyaharja dilajengaken panampi tali asih saking pembicara sepisan, Lutfianto arupi katalog pameran ingkang sampun dipun tindakaken nalika tanggal 21-27 wulan Juli 2019 ing Galery Khat.

Sesi sepisan ngengingi bab wayang, Lutfianto ingkang sampun mratah dipun sebat Ki Lutfi Caritagama minangka dwija bahasa Jawa ing SMAN1 Pajangan njlentrehaken sujarah Islam mawi kaca tingal sejarah wayang. Kalebet ing kalodhangn kasebut njlenterehaken bab Wayang Kekayon Khalifah ingkang dipun damel. Nilai-nilai karakter ingkang saged dipun pendhet saking paraga lan cariyos wayang Kekayon Khalifah ingih menika jujur, tanggung jawab lan sapanungalanipun.(*)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here